Rabu, 01 September 2010

Lelampahan Bopo Sri Gutomo

Kairing gending Palugangsa dhawah Gdh. Widasari kalajengaken Ktw Subakastawa,
kulo amiwiti nyerat. Kados dene urubing blencong ingkang anerangi pakeliran, makaten pakartinipun Hyang Maha Suci amedaraken lelampahan puniko. Ringgit wacucal minongko sarananipun. Hyang Widhi ingkang kagungan. Hyang Maha Kuwoso amriksani.
Pambuko
Mboten kacatet, kala punopo Pak Arjo Sopuro wiwit manggen ing kampung Koplakan Kecamatan Pare Kabupaten Kediri Jawa Timur. Koplakan puniko nami kampung panggenanipun tetiyang ingkang gadah kapal (kuda = jaran) kangge dokar angkutan.
Watak ingkang keras lan jujur pinongko dados cirinipun Pak Arjo Sopuro. Wonten malih, yen sampun dumugi titi wanci perjanjen, kamongko dereng saged anetepi, bingungipun kepati. Keras, jujur lan netepi janji, puniko ingkang saged kaconto ing bab wewatakanipun. Sudagar inten barleyan ing Kediri lan Pare asring anitipaken daganganipun dateng Pak Ardjo Sopuro awit saged kapercados lan tamtu anetepi janji.
Rikala samanten ing tengahing abad 20, pedamelanipun dados tukang cukur rikmo kangge anggesangi semah, putro tiga lan putri satunggal. Ingkang pembarep Sardjono, lajeng Sardjani, Surip (putri = Mbak Wik), lan Mas Joko. (Kala samanten Purboyo, ragilipun, dereng lahir)
Memitran ingkang raket.
Pak Ardjo Sopuro gadah tetepangan minongko saderek inggih puniko Pak Sukemi Handini (sopir angkutan) , Pak DjojoDjaimun (tukang sepatu, mboten kagungan turun), Pak Soma Giman (kernet, putro-putrinipun kalih-welas) , Pak Reso Kasirin (dagang kain batik) mboten kagungan turun, Pak Danu Mihardjo (Mantri Guru SD), lan Pak Jumadi (sopir). Taksih kathah poro mitranipun ingkang dereng kacathet. Griyanipun Pak Reso Kasirin ingkang paling celak, kasusul Pak Joyo Jaimun, Pak Jumadi, lan Pak Kemi ing dusun Gedang Sewu, watawis 300 meter arah mangidul saking griyanipun Pak Arjo. Pak Danu ing Gang Pandan celak Koplakan, dene Pak Soma Giman ing kampung Plongko, watawis 500 meter arah mangaler.
Sadaya sami kekirangan ing bab sandang tuwin pangan. Pedamelan cukur rikmo puniko asilipun sakedik, mboten nyekapi kangge sakulawarga. Ing antawisipun saderek pitu puniko Pak Kemi (Sukemi Handini) ingkang radi nyekapi, sabab sak lintunipun saking pedamelan sopir ugi gadah sabin sanajan namung sapro gangsal hektar. Waradin sami kekirangan ing bab pangupa jiwa.
Pados "tiyang sepuh"
Awit sadaya rumaos kasekengan ing bab pangupo jiwo, antawis warsa 1952, saderek tigo (Pak Arjo Sopuro, Pak Kemi, Pak Joyo Jaimun lan Pak Soma Giman) puniko sami rembagan kados pundi caranipun supados angsal asil ingkang radi mingsro. Putusaning rembag, bade pados ‘tiyang sepuh’ ingkang saged anedahaken margi kangge nambah asil. .
Naliko samanten ing Pare wonten paguron ingkang kasusro naminipun Murti Tomo Waskito Tunggal (nyuwun ngapunten, sanes Hardo Pusoro) kapimpin dening Pak Citro. Panderekipun kathah, langkung malih saking njawi kitho Pare. Satunggaling wekdal, ambiwaraken yen dinten makaten tanggal samanten jam tartamtu Pak Citro bade wangsul ing jaman kalanggengan (seda= mati). Ewon tetiyang kaangkut atusan mobil sami dateng dalemipun ing dinten ingkang katamtokaken kalawau. Sadaya bade anekseni kok wonten tiyang ingkang saged namtokaken pejahipun piyambak. Kawusanan sadaya cabar, Pak Citro taksih sugeng ngantos pinten-pinten warsa malih. Salajengipun paguronipun sepen, tetiyang sampun sami kirang percados malih.
Wonten paguron nami Suwono (Suwung Ono). Ing ngriku mitra sekawan puniko sami sarembag ndatengi. Ancasipun namung nyuwun sarana, supados gampil anggenipun pados rejeki. Naliko rawuh, ingkang kagungan dalem (Pak Sastro asmanipun, katelah Pak Sastro Suwono) sampun nyawisaken cangkir unjukan kopi sekawan, kamongko mboten wonten ingkang matur yen bade mertamu. Ateges waskito ing pamirso. Pramilo sadaya sami pengin ‘maguru’ ing pangangkah saged ndandosi pangupo-jiwo kangge ing sadintenipun. Kawitan sami kawucal caranipun mirsani isi sak (saku) saben tetiyang. Ing tataran puniko wonten sawatawis saderek ingkang saged ngetrapaken. Pak Ardjo Sopuro mboten saged. Naliko sami kondur, ing tengah lampah, Pak Ardjo Sopuro ngendiko dateng para kancanipun: “Nek ngono bae aku sesuk yo biso”. Ing wekdal candakipun, naliko sami mertamu dateng paguron puniko, Pak Ardjo Sopuro saged mbade (nebak) sadaya isi sak para saderek. Ing wekdal sanesipun, wonten latihan ngrogo sukmo. Caranipun, sami sareyan, asta kekalih katumpangaken ing jaja. Salajengipun lajeng megeng napas. Enering penggalih katujokaken sangandaping wudel, lajeng kaenggokan mangiwo. Pak Kemi saged ngleksanani. Naliko enering penggalih sampun katujokkaken mangiwo, lajeng jleg ! badan gemeter sadaya. Kacariyos Pak Ardjo Sopuro ugi mboten saged malih. Ing tengah lampah kondur, Pak Ardjo Sopuro ngandiko malih: “Nek ngono bae aku sesuk yo biso”. Lha kok estu kaleksanan naliko latihan ing wekdal candakipun. Para saderek sami ngungun. Ing batos sami pitaken “Sopo kang mulang (ngajari), kok biso koyo ngono ?” Makaten puniko wongsal-wangsul, saben wonten latihan enggal, ing wekdal sanes Pak Ardjo Sopuro tartamtu saged nglampahaken latihan puniko. Latihan-latihan puniko katerusaken ngantos sarampungipun. Wonten latihan aningali cahyo. Yen wonten ingkang saged mirsani, upaminipun cahyo ijem utawi abrit lan sapanunggilipun,. sadaya namung dipun aturi “Yo kuwi”. Mboten wonten katranganipun. Salajengipun paguron Suwono anengeri wontenipun saderek kalih welas: Aku, Roso, Permono, Indro, Bromo, Bayu, Sukmorojo, Sukmonogo, Sukmokencono, Jatingarang, Mayonggoseta, Bagindokilir. Nanging katrangan bab saderek kalih welas puniko mboten wonten. Pramila menawi dipun takeni, jawabipun Pak Sastro namung “Yo kuwi”. Namung ing wekasaning latihan, anuding Bapak Ardjo Sopuro “Iki mbesuk sing dadi peguron”.
Cariyos candakipun.
Memitran antawis kaluargo Pak Arjo Sopuro lan Pak Kemi.
Pak Ardjo Sopuro, saking kesrakatipun, awis-awis kondur dateng dalemipun awit ing dinten puniko mboten angsal asil. Nyare ing bedakipun pinggir margi Koplakan. Kacariyos saderek gangsal puniko ingkang radi kacekapan namung Pak Kemi. Pramilo yen dong mboten wonten punopo-punopo ingkang bade dipun dhahar sakluwarga, sok ngutus putranipun ngampil dateng Pak Kemi. Tujunipun Bu Kemi lan Bu Ardjo puniko kados saderek sinarawedi. Mboten wonten panggalih punopo-punopo, malah kaleresan saya angraketaken pasederekan. Pak Kemi puniko langkung sepuh. Yuswanipun kaot tebih lan Pak Ardjo Sopuro. Milo Pak Ardjo Sopuro nyebat “Kang Kemi”, suwalikipun Pak Kemi namung nyebat “Ardjo” kemawon. (Ing tembe wingking, naliko Pak Kemi nyebat “Pak Sri” utawi “Mas Ardjo”, Pak Ardjo (Sri Gutomo) jelih-jelih “Celuken aku Ardjo bae”.
Bapak Sukemi Handini (Pak Kemi)
Paraga Pak Kemi puniko mligi, awit salebeting kalih tahun wiwitaning tumuruning wahyu sujud, panjenenganipun ingkang tamtu kaaturan rawuh anyekseni saben tumurun wahyu (parentah) saking Hyang Maha Kuwaos. Naliko poro mitro sampun sami rawuh, nanging Pak Kemi dereng katingal, Pak Arjo tartamtu angutus ngaturi rawuhipun. Awit saking puniko, panjenenganipun kasebat "paseksen" kawitan., ingkang ateges dados saksi kawitan tumuruning wahyu.
Pak Kemi puniko asalipun saking Demak. Bapakipun kaparingan asma Saji Joyo Ulomo. Tiyang cekap, sabinipun pinten-pinten bau. Namung Pak Saji Joyo Ulomo.puniko kirang utun ing tetanen. Rinten dalu namung ngaos (ngaji) kemawon. Pramilo enggal sakedik sabinipun telas kasade. Putranipun sami kesrakat. Pak Kemi wiwit joko remen pados ilmu dateng peguron ing pundi-pundi. Pramilo ilmunipun kathah (langkung saking 40). Satunggaling dinten pados deling (pring) ing pinggir wana, bade kasade. Kepanggih ingkang jagi wana milo lajeng dipun oyak. Kanthi ngangkat deling salonjor, joko Sukemi mlajeng lan nglumpati lepen ingkang radi wiyar. Slamet, mboten kacepeng. Deling lajeng kasade. Wiwit wekdal puniko lajeng kagungan penggalih, yen terus makaten tamtu sengsara gesangipun. Milo gadah krenah tumut ngernet mobil. Sareng dipun lampahi dangu-dangu saged nyopir mobil. Saking gemi lan utunipun, wekdal samanten saged mundut mobil, minongko tiyang Pare sapisanan ingkang gadah mobil. Zaman Jepang, mobil puniko dipun rampas Jepang.
Pratanda bade tumuruning wahyu.
Amangsuli ing ngajeng. Ing wanci dalu naliko pak Ardjo sare ing bedakipun supeno dipun datengi Raja sarwi maringaken ageman busono keprabon. Enjingipun gita-gita manggihi Pak Kemi “Aku mau bengi ngimpi ditekani Raja, sing maringi agem-ageman keprabon”. Mireng pangandikan puniko Pak Kemi anggraito yen puniko tondo bade anampi ayahan ageng saking Hyang Maha Kuwaos. Sanajan makaten angengeti awisan saking ilmu ingkang sampun dipun ngertosi, Pak Kemi mboten kapareng amedaraken, sabab makaten puniko anami andingini Karsaning Hyang Maha Kuwaos. Milo Pak Kemi lajeng nggujeng kaliyan ngandiko “Yo ngono kuwi impene wong kesrakat, ngarep-arep sing ora-ora”. Nanging ing batos remen sanget mireng pawartos puniko. Namung, mbenjang punopo bade kalampahan, puniko dipun titeni kemawon.

******************
Wawasan 1 jawi
.
Lelampahan Bopo Sri Gutomo puniko arupi catetan ingkang anyerat riwayatipun Pak Arjo Sopuro, kaserat adedasar cariyos saking mitra raketipun. Benten lan riwayat Arjo Sopuro, awit dene ingkang sesambetan lan Sapto Darmo puniko Sri Gutomo, sanadyan kekalihipun nami paraga ingkang sami.
Amurwakani nyerat puniko, ambetahaken swasana ayem tentrem, ing pangangkah suraosing serat saget amranani pamirso. Namung saweg ugi kaleresan, mirengaken gending puniko, dados sanes ingkang kumedah kaungelaken.
Dalem nyerat. Underaning kawis, kulo angabdi para maos, supados panjenengan pirso bilih pangripto sadermi "pidak pedarakan" ingkang mboten gadah kalenggahan ingkang mingsro.

Hyang Moho Suci angedaton ing sanubarining sok tetiyang, paring pepajar ing ngagesang. Ringgit wacucal puniko mengku gegambaraning wadag. Saben ringgit anedahaken pribadi sauger tiyang. Hyang Moho Suci ingkang nglampahaken mobah mosiking tiyang, sanajan ing salugunipun ki dalang ingkang makarya. Sok tiyango yen kaoncatan Hyang Moho Suci tamtu nglumpruk kados Gatotkaca kecalan gapit.

Hyang Widhi ingkang kapatah ndarbeni ringgit sadayanipun. Puniko anedahaken sanadyan Hyang Moho Suci ingkang nglampahaken mobah mosiking tetiyang, mboten ateges ingkang kagungan. Puniko kagunganipun Hyang Widhi.

Hyang Moho Kuwaos amriksani, ugi ingkang kagungan dalem (kangge ringgitan) lan sadayanipun. Hyang Moho Kuwaos mboten angawisi utawi anjurungi sadaya pakartining tetiyang. Puniko sampun dados jejibahanipun Hyang Moho Suci.

Poro maos ingkang linuhung. Puniko gegambaran ingkang kulo mangertosi, tamtu panjenengan kagungan gegambaran ingkang langkung wiyar. Monggo nyerat ing komentar, ing pangangkah saged nambah wawasan kulo dalah poro maos sanesipun.

Bebuko
Katah tetiyang anyebataken nami ingkang kalintu.Ingkang leres Arjo Sopuro, sanes Arjo Sepuro utawi Arjo Seputro. Sekolah namung ngatos klas 3 Sekolah Dasar. Saged maos lan nyerat nanging sakedik. Mitranipun, Pak Kemi, malah babar pisan mboten nate sekolah. Wonten ingkang nyerat tahun kelairannipun 1916. Nanging mboten wonten catetan utawi bukti kekancingan ingkang saged kawaos ing bab puniko.
- - - - - - -
Puniko carios ingkang kapendet saking kulowargo caket pak Arjo Sopuro.
Tiyang sepuh (bapakipun) pak Arjo puniko asalipun saking Aceh. Naliko taksih jejaka kesah dateng Solo (Surakarta) awit wonten saderekipun ingkng manggen ing Solo. Satunggaling dinten pengin dateng kito Kediri.
Ing Kediri (Pare) kepanggih jodonipun, nikah, lan lahir jabang bayi jaler, dipun namekaken Rohiman.
Ing salajengipun wangsul malih dateng Solo bade pados pedamelan. Angsal pedamelan ing Kereta Api (PJKA). Ing satunggaling dinten tampi kabar yen anakipun (Rohiman) sakit. Ing tengah lampah dateng Kediri, mampir ing kito Nganjuk pados jampi. Kepanggih tiyang sepuh ingkang nyebataken yen anakkipun sampun pejah. Tamtu kemawon warta puniko andadosaken kaget lan sanget nyisahaken penggalihipun. Nanging tiyang sepuh puniko angengken pados tolo (omah tawon) dipun kengken mblonyohi, lan ameling, yen mangke saras, supados gantos nami Arjo Sopuro ingkang tegesipun tetep gesang (Arjo) awit saking pangapuro (Sopuro) saking Hyang Moho Kuwaos.
(Yen cariyos puniko nyoto, dados prastawa "racut" ingkang bade kalampahan ing wulan Pebruari 1954 puniko saget kanamekaken pengalaman "pejah" ingkang kaping kalih).
Pak Arjo namung gadah saderek satunggal, pawestri, ingkang katelah Bu Sani, awit dados sisihanipun Pak Sani (almarhum).
- - - - - - - - -
Kampung Koplakan puniko manggen ing tengah kito kecamatan Pare, aben ajeng lan Peken Lami. Naliko samanten, kampung ingkang rupek puniko dipun panggeni tetiyang kalawan pangupo jiwa sakecandakipun. Sapuniko, sasampunipun langkung saking seket tahun, taksih katingal rupek, dereng katata rapi.
Ing kampung puniko, kautamaning Pak Arjo Sopuro katingal mrojol selaning garu. Ing antawisipun sipat ati ingkang keras, tegesipun mboten miyar miyur, jujur lan tamtu netepi janji. Paraga ingkang kosok balen lan jamakipun tetiyang ing ngriku. 
Ing wuri, (tahun 1952) kekesahan dateng pundi-pundi namung sarana dokar. Sanadyan sampun wonten mobil kangge ngangkut tetiyang, nanging taksih awis awis wontenipun. Poro sudagar mas barleyan saking Kediri, sasampunipun keliling nawekaken daganganipun ing daerah Pare, yen bade wangsul dateng Kediri, mboten ambekto kekarening daganganipun, awit kuwatos yen kedalon ing margi. Poro sudagar puniko anitipaken daganganipun dateng Pak Arjo, parogo ingkang kasusro saged kapercados.
Bedak ingkang kangge cukur rikmo puniko, ngantos sapriki taksih kados wingi uni, meh mboten wonten prabedanipun. Dipun panggeni putrinipun (Mbak Wik) sadeyan sekar sawur kangge nyawur sareyan. Katah warga ingkang sami nyipati yen puniko sanepo supados poro wargo Sapto Darmo tansah anawur ganda arum sarono budi pekerti ingkang luhur.
Pak Purboyo, putro ragil, lahir sasampunipun Pak Arjo nampi wahyu sujud. Pramilo, puniko ingkang dipun gegadang dados gegantosing panjenenganipun (Pak Arjo). Ing samangke manggen ing Jakarta, namung kolomongso wangsul dateng Pare.
Memitran ingkang raket.
Sarampunging perang kemedekaan (tahun 1949) pangupo jiwo rakyat tansaya rekaos. Ing pundi-pundi panggenan kathah tiyang keluwen. Minongko upados ngajengi kahanan puniko, memitran sampun dados kalimrahan. Sesarengan paring rejeki lan tulung tinulung puniko kalampahan ing sadinten dintenipun. Saking puniko, memitran raket antawis Pak Arjo lan kadang karuhipun sampun dados kalimrahan. Poro kadang karuhipun saking sauger kalangan: poro ulah dagang, sopir, kernet, guru lan sapepadanipun. Nanging sadaya saking kalangan tetiyang ingkang sami mlarat. Ingkang manjilo, memitran puniko sanget guyubipun, kados kados sami kaiket dening pakaryan ingkang sadaya mboten anguningani.
Pados "tiyang sepuh"
Tiyang Jawi anggadahi kasusilan anjunjung tiyang langkung sepuh ing bab panggaotan lan pangupados boga. Tetiyang puniko kaanggep "sepuh" utawi sesepuh.Ing bab puniko, tiyang "sepuh" ingkang anggadahi donga ampuh utawi ngelmu inggil ing babagan kebatosan. Saged ugi tiyang ingkang saged anedahaken dununging agesang utawi saged paring ngelmu. Naliko samanten wonten kalih aliran kebatosan ingkang dados tujuanipun.
Sapindah aliran kebatosan Murti Tomo Waskito Tunggal ingkang katah panderekipun. Awit saking klentu lampahipun, inggih puniko mbiwaraken bilih Pak Citro (pimpinanipun) bade sedo tanggal samanten, dinten makaten, nanging pranyoto mboten tamtu sedo. Puniko anjalari peguron puniko kecalan panderekipun. Dene aliran sanesipun (Suwono) lestantun taksih wonten sauger punopo ingkang kaajaraken taksih saged katampi dening masyarakat.
Suwono saking ungelan "suwung" lan "ono". Suwung ateges mboten wonten utawi kopong, dene ono ateges wonten. Katranganipun, ing panggenan ingkang suwung puniko, wonten (ono) ingkang dedunung utawi manggen ing ngriku. Kuciwanipun, Pak Sastro mboten saget anjlentrehaken utawi nerangaken, punopo ingkang dedunung ing panggenan suwung puniko. Sadaya ingkang kauningan dening poro pangudi ngelmu namung dipun sauri "Yo kuwi" makaten kemawon. Tanpa wacana utawi ular-ular ingkang mingsro.
Ing salajengipun, saben wekdalipun anandukaken piwucal (praktek), ing sakawit , tartamtu Pak Arjo mboten saget mraktekaken, nanging ing sanes wekdal saget nlgampahi. Mitranipun anginten tamtu wonten ingkang mucal ing bab puniko. Nanging sinten, sabab mboten nate wonten tamu utawi tepangan sanesipun ing griyanipun Pak Arjo. Latihan ningali cahyo ing salebeting sanubari kalampahaken kanti paningal katutup, ing panggenan ingkang kapetengaken. Puniko dipun leksanani ing kahanan samadi hening. Nami saderek kalih welas ingkang ngrekso pribadining manungso puniko ugi saking aliran kebatosan Suwono. Ananging kawontenanipun, inggih puniko dunungipun, asalipun lan ginanipun mboten dipun terangaken. Saben wonten pitakenan, namung dipun sauri "Yo kuwi". Tamtu kemawon, ingkang makaten puniko mboten maremaken ingkang taken. Sanajan makaten, tetiyang lajeng mangertos bilih badan wadag puniko dados dedunungipun saderek kalih welas, kanti nami ing nginggil puniko. 
Ramalan
Yen to Pak Sastro anuding Pak Arjo bade dados guru rohani puniko benten lan ramalan, nanging sauger wacana, awit naliti sifat lan kapribaden Pak Arjo, ingkang patut yen to benjing dados guru rohani.
Pamitran lan keluarga Pak Kemi.
Miturut pawartos, ing antawis Pak Arjo lan Pak Kemi kados wonten iketan batos ingkang raket. Saben paraga kados-kados mangertosi punopo ingkang sampun lan ingkang bade kalampahan. Awit saking puniko mboten anggumunaken yen to memitran lan kekalihipun sampun kados saderek piyambak.
Pak Kemi (Sukemi Handini) puniko minongko saksi kawitan dawahing wahyu sujud lan ugi anyekseni sedanipun Pak Arjo ing tahun 1964. Miturut ingkang dipun enget piyambak, lairipun tahun 1901 naliko wekdal gunung Kelud mbledos., lan sedanipun tahun 1993 ing dalemipun dusun Gedang Sewu Pare. Kasebat Gedang Sewu awit naliko samanten pancen kathah taneman pisang ing dusun puniko. Pak Diman, paraga ingkang nggambar simbol Sapto Darmo ugi keponaanipun Pak Kemi. (Antawis tahun 2000 , Pak Diman taksih sugeng). Ngantos dumugining surut (seda) Pak Kemi lestantun nglampahi sujud, lan dados paran pitakenan tetiyang, ugi paring sarana jampi tiyang sakit, utaminipun ing Kecamatan Kepung, antawis kalih welas kilometer saking sukuning ardi Kelud. Mboten pikun, lan enget sadaya prastawa ingkang dipun alami, makaten ugi prastawa dawahing wahyu sujud. Panjenenganipun tansah paring weling yen to mboten pareng rerembagan bab punopo kemawon ingkang kauningan naliko salebeting sujud, sabab ingkang makaten puniko anjalari cekaking yuswo. Pak Arjo naliko samanten ngendikan dateng Pak Kemi lan poro mitranipun : "Pak Kemi, iki, ( sanepan kang katompo dening kang sujud) ora keno kanggo omong-omongan, (sabab) nyekakake umur"
Poro Maos, puniko wawasan kulo ing bab kasebat. 
- - - - - - 

Prastawa dumawahing wahyu sujud. 
Tanggal 26 Desember 1952.
Taksih enjang, Pak Arjo sampun pepanggihan lan Pak Kemi ing dusun Gedangsewu Pare. Ing antawisipun jam 09.00 enjing puniko, Pak Arjo pamit dateng Pak Kemi: "Kang, aku arep bali saiki, arep diwejang Guru" Mireng pangandikan puniko, Pak Kemi gumun, ing batos pitaken:" Sopo Gurune si Arjo iki ?"
- - - - - - -
Nyuwun gunging pangaksami dumateng poro maos, kulo bade nyerat prastawa naliko dumawahing wahyu, namung sadermi mangsuli cariyos ingkang sampun kawedar, tamtu kemawon kathah lepatipun, awit dene mboten tumut nderek amanoni prastawa kasebat. Umur kulo nembe 9 tahun, lan prastawa puniko kalampahan ing panggenan ingkang tebihipun 50 km saking griyanipun tiyang sepuh kulo. Para saksi ingkang manoni prastawa kasebat, yen taksih sugeng, mugi kerso angleresaken seratan puniko.
- - - - - - -
Dalu puniko, (26 Desember 1952) Pak Arjo lenggah senden ing cagak griyanipun ingkang sisih wetan, majeng mangilen.
Mboten kanyono lan kadugo, antawisipun jam satunggal dalu, ujug-ujug asto kekalih kapekso sedakep, asta sisih tengen anutup asto kering. makaten ugi suku tengen kapekso silo anutupi suku kering. 
Ing salajengipun, badan kaputer madep mangetan. Mobah mosik puniko kalampahaken dening geter pater ingkang mboten kuwawi sinelakan. Ing salajengipun tutuk mbengok angucapaken :"Alah Hyang Moho Agung, Alah Hyang Moho Rohim, Alah Hyang Moho Adil, Alah Hyang Moho Wisesa, Alah Hyang Moho Langgeng". Kanti suwanten ingkang sora lan kaucapaken tanpa saged kapenggak. Ing salajengipun sariro kadingklukaken ngantos palarapan lan grono tumempel ing siti(sujud). Sujud puniko kalampahan ambal kaping tigo. Sepindah, naliko palarapan lan grono tumempel ing siti, tutuk angucapaken :"Hyang Moho Suci sujud Hyang Moho Kuwoso" Ucapan puniko sora lan ugi mboten kuwawi kapenggak. Puniko kaucapaken ambal kaping tigo. Ing salajengipun, naliko sujud kaping kalihipun angucap:"Kesalahane Hyang Moho Suci , nyuwun ngapuro Hyang Moho Kuwoso. Ugi kaambalan kaping tigo. Sujud kaping tigo angucapaken :"Hyang Moho Suci mertobat Hyang Moho Kuwoso". Ugi kaucapaken ambal kaping tigo. Sasampunipun puniko kalampahan, mendo sawatawis, nanging mboten ateges sampun paripurno, sabab pranyoto gerak sujud puniko dipun ambali malih saking kawitan. Mobahing sujud ingkang mboten kuwawi kajugaraken puniko pranyoto kalampahan ngantos jam setengah sekawan enjing naliko kapireng ungeling sawung kluruk. Pak Arjo kumedah anglampahi ngantos menggeh-menggeh, riwe dulaweran, sanget sayah lan ajrihipun.
- - - - - -
Enjang puniko, kairing getering sariro awit saking ajrihipun, Pak Arjo enggal-enggal dateng griyanipun Pak Kemi, ancasipun bade pitaken punopo darunanipun prastowo puniko. Ing batos mbokbilih Pak Kemi saged anjlentrehaken ing bab prastawa puniko, sabab Pak Kemi anggadahi pangertosan ingkang bawera, amargi sampun maguru dateng sekawan doso panggenan,
Dumugi ing ngrika, kepanggih piyambak lan Pak Kemi. Dereng ngantos rampung anggenipun nyariosaken kadadosan kala wau dalu, ujug-ujug sariranipun Pak Kemi kasujudaken majeng mangetan. Makaten ugi patrap lan ucapanipun kados ingkang sampun kalampahan ing Pak Arjo dalu puniko. Anyaranani piyambak gerak ingkang kaprabawan getaran ingkang mboten baen-baen puniko, Pak Kemi mboten saged atur rembag punopo-punopo. Kaget lir sinamber gelap lepat. Raos ajrih anglimputi saranduning badan. Sasampunipun aso sawetawis, nembe saged sami rembagan. Salajengipun sami sarembag bade dateng griyanipun Pak Joyo Jaimun. Ing ngriko,ing griyanipun Pak Joyo Jaimun, prastawa sujud puniko ugi kalampahan malih. Pak Joyo Jaimun kasujudaken kados dene Pak Arjo lan Pak Kemi. Sarampunging prastawa puniko, tiyang tetigo sami sarembag murugi griyanipun Pak Soma Giman. Ing ngrika, kadadosan puniko ugi kaambalan malih. Andadosaken gawoking manah. Pepuntoning rembag, bade nglampahi patrap sujud puniko ing dalemipun piyambak-piyambak. Ing ngriku, Pak Arjo kraos ajrih, kuwatos yen wonten prastawa malih ingkang andatengi. Pramilo saben dalu tiyang sekawan puniko gantos gumantos ngempal tilem. Terkadang ing griyanipun Pak Soma Giman, Pak Joyo Jaimun, Pak Kemi utawi ing griyanipun Pak Arjo piyambak ing kampung Koplakan. 
Kampung Koplakan.
Ing tahun 1952 (dumawahing wahyu sujud), Kampung Koplakan mujudaken kampung ingkang worsuh, panggenanipun para candala ingkang rupeg ing budi. Yen ing Pare wonten copet utawi maling kapergok, plajengipun tamtu dateng Koplakan. Menawi sampun dumugi ing ngriko, ndelik , lan tamtu mboten saged kapanggih, awit dene dipun delikaken tetiyang ing ngriku. Ing Kampung Koplakan puniko panggenanipun tiyang damel dolanan Ni Diwud (kados Jaelangkung), nginum inuman keras, mabuk-mabukan, main kertu lan sanesipun ingkang kawastanan mo limo. Awit saking puniko, tetiyang ing kecamatan Pare, sami anebihi kampung Koplakan, kuwatos yen katut aniru solah bawaning tetiyang ing Koplakan puniko.

Poro mitro.
Sajeg wonten kadadosan puniko, poro mitro lan kadang karuhipun Pak Arjo sadaya sami sesarengan kapengin ngayektosaken kadadosan ingkang sampun kelampahan, sarana anindakaken sujud kados Pak Arjo. Pranyata, mobahing badan mboten namung naliko sujud kemawon. Naliko Pak Joyo Jaimun wicanten :"Aku pengin weruh gerakke Sukmo Nogo", sanaliko ugi sariranipun kabanting dateng jogan, lajeng mulet-mulet kados patraping sawer. Makaten ugi naliko pengin mangertosi lampahing Mayonggo Seto, sanaliko mere lan mbekos-mbekos kados patraping rewanda, malumpat ngriko ngriki. Latihan puniko kaleksanan ing saben dalu, gantos gumantos panggenanipun, kadang ing griyanipun Pak Soma Giman, kadang Pak Kemi lan sapanunggilipun. Sok kapireng gerenging simo, sok suwanten gedebugan kados tiyang pencak lan lintu-lintunipun.
Griyanipun Pak Arjo puniko katutup gedeg sesek ingkang pating clomprong. Poro tetanggi sok sami nginjen ing lengkehan sela-selaning gedeg. Salah satunggal, naliko nembe kesengsem ningali, dumadakan mripatipun kaentup kala jengking. Njerit njondil-njondil kesakitan. Pak Arjo nyelak. Sasampunipun kausap kanti dlamakan asto, ical sakitipun , temah waluyo jati. Dangu dangu kathah tetiyang sakit warni warni sami ndatengi panggenan puniko. Sadaya kausadan lan sami saras. Awit puniko, wiwit sumebar pawartos, bilih ing kampung Koplakan Pare wonten dukun tiban. 

Para paseksen saking peguron kebatosan.
Ing watawis wekdal puniko, kathah ingkang sami angsal wisik utawi tondo-tondo ingkang anyebataken bade wonten pulung agung anuju panggenan ing ngriku. Awit saking puniko, ingkang kathah lajeng sami tarak broto, ngengirangi neda lan tilem utawi nenepi maneges ing panggenan tartamtu. Wonten sadengah ingkang anyumurupi kanti mripat batos, wontenipun cahyo ageng andatengi lan dhawah ing kampung Koplakan, puniko kairing suwanten jumleger kados dene mledosing bom, namung kapireng ing sanubari. Leres punopo mboten, nyumanggakaken.

Catetan
Poro mitranipun Pak Arjo ingkang sampun anindakkaken sujud, wonten ingkang lestantun nglampahi sujud ngantos sasurutipun. Ananging kathah ugi ingkang namung kapingin mangertosi ajaran puniko, nanging salajengipun mboten anindakkaken sujud malih. Sadoyo puniko nyumanggakaken dateng pribadinipun piyambak. Ing antawisipun poro pawestri, Ibu Sukemi puniko minongko paraga putri ingkang kawitan anindakaken sujud, lan lestantun ngantos puputing yuswo ing tahun 2000. Ibu Arjo Sopuro malah ing tembe wingking anindakaken sujud. 

Wawasan 2

Prastowo datengipun wahyu sujud.
Kasebat ing nginggil, bilih wahyu puniko datengipun mboten kanyono-nyono. Nanging puniko mboten ateges tanpa tondo-tondo ingkang amurwani. Sasampunipun ening sawatawis lan ugi ngenget-enget prastowo puniko, pranyoto wonten tondo-tondo datengipun wahyu sujud puniko, namung kalepyan ing panaliti. Yen mengeti bilih dinten Kamis Pon 26 Desember 1952 enjing puniko Pak Arjo pamit bade wangsul awit wonten parentah saking "Guru"nipun awit bade tampi wejangan, saged kawastanan yen wekdal puniko ingkang murwakani datengipun wahyu.
Prastowo puniko taksih sambung sinambung, pucaking prastowo kalampahan jam 01.00 dalu puniko, Pak Arjo Sopuro kasujudaken ngantos jam 3.30 enjing. Puniko dereng paripurno, sabab mitranipun, Pak Kemi, Pak Joyo Jaimun lan Pak Soma Giman ugi ngaraosaken geter pater puniko ngantos jam 09.00 enjing tanggal 27 Desember 1952 
- - - - - - - 
Pangripto nyuwun gunging pangaksami dateng poro maos, utaminipun poro wargo Kerohanian Sapto Darmo, awit tanpa palilah panjenengan sadaya, sampun nyerat prastawa datenging wahyu, ingkang underanipun mbokbilih wonten bentenipun lan punopo ingkang sampun sami kauningan dening poro Wargo sadoyo.
Benten lan ingkang kauningan, wonten ingkang mastani, bilih ingkang kawitan dipun jujug Pak Arjo puniko griyanipun Pak Joyo Jaimun, awit dene griyanipun ingkang paling celak lan griyanipun Pak Arjo. Wonten ugi ingkang nyerat Pak Soma Giman ingkang kawitan, kanti catetan Pak Soma Giman anggadahi kathah ngelmu. Kulo namung sadermi nyerat, bilih Pak Kemi (sukemi Handini) ngantos sedanipun ing tahun 1993, taksih lestantun nglampahi sujud kangge sarono manembah Hyang Moho Kuwaos. Ugi panjenenganipun mboten nate anjlentrehaken, sinten ingkang kawitan dipun datengi Pak Arjo naliko tampi wahyu sujud puniko.

- - - - - - - -
Lampah topo broto.
Pak Arjo puniko tiyang lugu. Mboten nate anindakkaken lampah kados dene tetiyang ingkang maguru ngelmi.
Siam (poso) Senin Kamis, metak (mutih), mbisu, punopo malih ngrendem ing lepen, mboten nate nglampahi.
Watakipun keras, mboten percados dateng bab-bab ingkang asipat gaib. lan ugi babar blas mboten kerso nguri-uri sarean (kuburan), wit waringin punden, ugi sawarnining tumbak, keris, lan sapanunggilipun. 
Naliko saben dalu pindah-pindah nyipeng dateng dalemipun mitranipun, sumerep kawontenan ingkang saderengipun mboten kawiyak.
Kadosdene ing dalemipun Pak Kemi, katingal tumbal-tumbal ingkang pancen dipun tanem Pak Kemi. 
Tumbal-tumbal puniko ing antawisipun rupi balung babi lan ugi seratan Arab ingkang kabungkus mori petak.
Tumbal puniko sarono kangge nolak santet lan kangge kawilujenganipun keluarga Pak Kemi. 
Ing salajengipun, saking palilahipun Pak Kemi, sadaya puniko lajeng dipun pundut lan kabucal dateng lepen.
Wonten tumbal ingkang kasebat cok bakal, puniko rupi sesajen ingkang dipun panggenaken ing pojok-pojok sabin, ugi dipun bucal.
Ingkang aneh malih, yen utusan mundut dedaharan dateng wande, bibar dahar lajeng muntah-muntah.
Sareng dipun takeni, nyariyosaken yen wande ingkang sadeyan dedaharan puniko sami anindakaken nyekar dateng punden, pados penglarisan. Kamongko, ing saderengipun wande puniko sampun dados langgananipun, lan menawi dahar inggih mboten punopo punopo.
Tukang Cukur & srengenge.
Sasampunipun wonten kedadosan lelampahan ingkang kasebat ing nginggil (tumuruning wahyu sujud), Pak Arjo tetep nglampahaken samukawis panggaotan sadinten dintenipun.
Naliko wonten ingkang bade cukur rikmo, ugi dipun ladosi. Namung, saben nyukur, astanipun mboten saget ngayahi tugas.
Cukuranipun morat marit. Cukuranipun petal sadaya. Ing salajengipun langganan cukur sami nebih, mboten purun cukur ing ngriku.
Pak Arjo nganggur. Ndilalah, kok wonten kemawon rejeki ingkang andatengi. Kulawarga Pak Arjo mboten nate kekirangan tetedhan.
Puniko kelampahan ngantos sasurutipun Pak Arjo lan Bu Arjo Sopuro.
Wiwit rikala puniko, Pak Arjo anglampahi topo broto ingkang aeng, tegesipun mboten umum ing antawisipun tiyang ingkan marsudi kebatosan.
Saben jam 09.00 enjing, pinarak utawi jumeneng ing ngajeng dalemipun lan mandeng srengenge. 
Poro tetiyang sami mboten ngertos, punopo ingkang dipun kersakaken kanti topo makaten puniko.
Topo broto katindakaken saben dinten wiwit jam 09.00 ngantos jam 15.00 siang.
Ingkang sumerep sami anginten bilih Pak Arjo sampun ewah (edan).
Nanging kok mboten wonten punopo punopo. Tegesipun lampahipun sadinten dintenipun kados ing saderengipun.
Ingkang dados gawoking tetiyang, mandeng srengenge saben dinten kok mboten blawur.
Mirsani punopo punopo inggih mboten benten lan saderengipun topo broto puniko.

Sesamining agesang
Wancinipun taksih enjing, mboten kacatet dinten makaten ugi tanggal, wulan lan tahunipun. Enjing puniko Pak Kemi kedatengan tiyang saking Koplakan, gupuh manggihi Pak Kemi, anyariyosaken bilih dipun kengken Pak Arjo murugi Pak Kemi, kumedah kedah enggal andatengi griyanipun Pak Arjo Sopuro. Sareng dumugi ing ngriko, sanget gawoking manahipun anyumerepi kadadosan ingkang sanget lan aengipun. Kanti sineksenan tetiyang kathah, ing lebet griyanipun Pak Arjo katingal prastowo ingkang nganeh anehi. Pak Joyo Jaimun njungkel bleg ing jogan ngajengipun Pak Arjo ingkang angadeg njegeger, lajeng nguwuh sora:"Aku nyujudi Hyang Moho Kuwoso". Puniko katindakaken tanpa saged kapenggak. Ing salajengipun gantos Pak Arjo njungkel bleg ing jogan,dene Pak Joyo Jaimun gantos ngadeg ngejejer. Pak Arjo nguwuh sora :"Aku nyujudi Hyang Moho Kuwoso". Makaten gantos ginantos anyembah sujud. Prastowo puniko kaambal- ambalan wongsal-wangsul tanpo saged kapenggak. Sareng meh satunggal jam, ing selo-selaning panguwuh, Pak Arjo nguwuh sora:"Celukno Pak Kemiiii", "Celukno Pak Kemiiii" makaten, ngantos dumugining Pak Kemi ing ngriku. Sareng sampun dateng, lan sumerep prastowo puniko, anehipun sanaliko lajeng sirep. Sasampuning aso sawatawis, Pak Arjo anyariyosaken, bilih Pak Kemi kapatah dening Hyang Moho Kuwaos kumedah anyekseni prastowo puniko. Ing wasono, Pak Arjo anyariyosaken, bilih sesamining gesang puniko mboten wonten ingkang sinembah kajawi Hyang Moho Kuwaos. Pramilo naliko Pak Joyo Jaimun anyembah dateng Pak Arjo, ingkang inguwuh mboten "Aku nyujudi Arjo Sopuro" utawi dene naliko Pak Arjo anyembah dateng Pak Joyo Jaimun mboten anguwuh: "Aku nyujudi Joyo Jaimun" nanging anguwuh "Aku nyujudi Hyang Moho Kuwoso". Prastowo puniko anedahaken bilih sesamining agesang puniko mboten wonten ingkang kedah sinembah. Sesembahan namung konjuk dateng Hyang Moho Kuwaos. 
Ing prastowo puniko Pak Kemi, ing batos namung manggalih :"Aku kecipratan wahyuning Arjo"

Panuwun ingkang mahanani bebuden luhur.
Ing salebeting wekdal puniko, Pak Arjo lan poro mitranipun tansah sami anglajengaken lampah sujud dateng Hyang Moho Kuwaos. Mboten mangertos punopo ingkang kedah kalampahan, kajawi namung sujud ing saben dintenipun. Sareng sampun sami mangertosi bilih puniko sadoyo saking karsaning Hyang Moho Kuwaos, soyo lan anggenipun kumedah-kedah anglampahaken sujud puniko. 
Amangsuli ancas lan pepinginanipun naliko samanten, naliko sami pados "tiyang sepuh" duk ing nguni, sadoyo anggadahi pepinginan sami, inggih puniko supados angsal asil ingkang radi mingsro.
Sapuniko, amargi percados yen ingkang dipun ajengi puniko Hyang Moho Kuwaos, lajeng sami gadah panuwun piyambak-piyambak, benten lan ing nguni. Pak Somo Giman, ingkang pedamelanipun sadinten-dinten ngernet, gadah panuwun supados ing benjingipun gadah anak kathah lan ugi truk ingkang kathah. Pak Joyo Jaimun, saben dinten ngajengi dagangan sepatu, sandal saking wacucal, gadah pepinginan supados daganganipun laris. Pak Arjo Sopuro, pengin anyebaraken lampah sujud puniko kangge saindenging jagad. Dene Pak Kemi anggadahi panuwun supados anak putunipun anggadahi bebuden luhur lan mboten kantun ing sapepadaning titah. 
Pranyoto, punopo ingkang kagalih puniko numusi ing sadayanipun. Pak Somo Giman, ingkang namung kernet kemawon , kalampahan kagungan putro/putri kalih welas lan truk ngantos langkung saking sadoso. Pak Joyo Jaimun, daganganipun pajeng laris ngantos sasurutipun Pak Joyo Jaimun. Pak Arjo Sopuro ingkang ing tembenipun dados panutaning wargo Sapto Darmo, ugi kalampahan anyebaraken lampah sujud ngantos dumugi ing manca negari. Pak Kemi, tani utun, ingkang namung anggadahi sapro gangsal hektar sabin, pranyoto putranipun sadaya dados prawira menengah, dene putrinipun ugi kagarwa prawira menengah. 
Puniko sadoyo ingkang sampun kagayuh poro mitro lan ugi Pak Arjo. Ing sanes wekdal, Pak Kemi nate anyambungi: " Saupomo Arjo kuwi sekolahe rodo duwur, mendah Sapto Darmo mesti luwih-luwih kuncarane"

Wawasan 3
Lampah topo broto.
"Ngelmu iku saranane kanti laku". Mbokbilih poro maos sampun pirso sadoyo ing bab puniko. Pramilo sanadyan Pak Arjo puniko tiyang lugu, mboten nate pados "ngelmu", mboten kekilapan bilih sadoyo ingkang sampun kalampahan puniko kedah kasaranan sarono lampah (laku). Ing wingking sampun kaaturaken, naliko sesarengan lan mitranipun pados "tiyang sepuh", saben wonten wucalan enggal, Pak Arjo mboten saged angleksanani, nanging ing wekdal candakipun, tamtu saged. Poro mitranipun lajeng sami gadah pamanggih, yen to Pak Arjo puniko gadah "Guru", nanging sinten, lan ugi wonten pundi panggenanipun, puniko ingkang dados tuking rembag. Punopo malih naliko anyariyosaken "Aku arep diwejang Guru" dateng Pak Kemi. Wosing rembag, lampah topo broto ingkang aeng sarono mandeng srengenge puniko tamtu saking dawuhing Gurunipun. 
Poro maos, meh saben wargo sami anemtokaken, bilih "Guru"nipun Pak Arjo puniko Hyang Moho Kuwaos. Mboten maiben, awit dene Pak Arjo, ngantos sasurutipun mboten nate anyariyosaken bab puniko. Kawulo, ingkang namung anampi cariyos saking poro wargo, ugi anggadahi pamanggih ingkang sami. 
Ing salajengipun, naliko tumut penggalian, wonten ungel-ungelan "tampi wasiat saking Hyang Widhi". Kolo samanten, kawulo namung anglampahaken punopo ingkang kapatah dening tuntunan penggalian (Pak Mukmin), tanpo taken malih. Sapuniko, kulo radi keduwung, kenging punopo rumiyin mboten tetaken ing bab puniko (Hyang Widhi). Kulo anginten bilih Hyang Widhi ugi Hyang Moho Kuwaos. Kados pundi yen miturut pamanggih panjenengan sadoyo ?

Sesamining agesang.
Wahyu puniko, yen miturut ingkang kulo waos ing buku-buku utawi miturut cariyosipun poro wargo, asipat dawuh utawi pangertosan saking Hyang Moho Kuwaos. Namung, ingkang kajibah ambekto utawi angabaraken pawartos puniko, mboten nate kajarwakaken. Mboten siningit, nanging pancen mboten wonten ingkang pitaken ing bab puniko naliko Bopo Sri Gutomo taksih sugeng. Pramilo, prastowo ingkang kulo sebataken ing bab "Sesamining agesang" puniko saged kawastanan ugi satunggaling wahyu, ingkang paring pepajar dene sesamining agesang mboten wonten ingkang sinembah kajawi Hyang Moho Kuwaos (Hyang Maha Kuwoso / Kuwasa). 

Panuwun ingkang mahanani bebuden luhur.
Ing nguni, pepinginan namung sageto angsal asil (ekonomi) ingkang mingsro, supados mboten sanget-sanget kesrakatipun. 
Ing samangke, sareng mangertosi bilih sujud puniko sesambetan lan Hyang Moho Kuwaos, ingkang kagalih saged paring punopo kemawon ingkang kasuwun, lajeng gadah panuwun ingkang langkung inggil utawi luhur. Sanadyan mboten kasuwun kanti pangucap, sadoyo ingkang kasimpen ing salebeting galih, sami kanugrahan. (Wargo Sapto Darmo kaawisan anggadahi panuwunan ing salebeting sujud). 
Ing sanubarining Pak Arjo namung wonten pepinginan anyebaraken lampah sujud puniko kangge saindenging jagad.
Puniko ingkang kawulo sebataken panuwun ingkang mahanani bebuden luhur (budi luhur).
Samanten rumiyin.

Purwaning sesanggeman
Sampun sawatawis wekdal lampah sujud puniko katindakaken dening Pak Arjo lan poro mitro karuhipun ingkang raket. Mboten wonten ingkang angraosaken sayah agengipun sakit ing salebeting anindakaken lampah sujud puniko. Malah kados-kados sadoyo raos lungkrah, linu-linu lan sapanunggilipun sami nebih. Poro mitra tansoyo kathah ingkang sami tumut anglampahi sujud puniko. Saged kasebat naminipun , upami Pak Reso Kasirin (juragan kain batik) ingkang cekap gesangipun nanging mboten kagungan putra/putri, Pak Darmo (ipenipun Pak Soma Giman), Pak Danu Miharjo, mantri guru Sekolah Dasar, Pak Jumadi, sopir angkutan barang, Pak sersan Diman, keponakanipun Pak Kemi, lan sanesipun ingkang dereng kulo sebataken awit dening kirang anggen kulo nampi sumber katerangan ing bab puniko. Sadoyo sami angraosaken raos ingkang anemtremaken sariro. Mboten namung puniko, kathah ingkang pratela bilih naliko anglampahi sujud, sami angraosaken yen to swasono alam ewah. Kadosdene sujud ing panggenan ingkang asri lan ngelam-lami. Sanadyan sujud ing dalemipun piyambak, nembe sedakep lan soca kaeremaken, saged sumerep yen gantos alam. Kados sujud ing panggenan prabeda. Miturut pamawasipun Pak Kemi, puniko anandakaken yen kajangkung. Sasampunipun Pak Sri sedo, raos makaten puniko langka, utawi saged angraosaken yen to kanti sujud ingkang manteng saestu.


Wahyu racut.
12 Februari 1953
Dalu puniko, kathah ingkang sami sujud ing griyanipun Pak ArjoSopuro. Sasampunipun sami sujud, Pak Arjo paring piweling supados mbenjing sami dateng ing ngriki malih, awit bade tampi ajaran enggal. 
Tanggal 13 Februari 1953.
Enjing puniko, wonten Pak Kemi, Pak Joyojaimun, Pak Somagiman, Pak Darmo, Pak Reso Kasirin ingkang sami kempal rembagan ing griyanipun Pak Arjo Sopuro. Ing watawis jam 10.00 enjing, ing tengah-tengah sami rembagan puniko, ujug-ujug Pak Arjo angendeg rembagan, lajeng wicanten kanti ceta: "Kanca-kanca, delengen. Iki aku arep mati, podo amat-amatana". Sadaya sami bingung lan deg-degan. Pak Kemi ngudaraos "Piye yen mati tenan".Salajengipun Pak Arjo mapan anggletak ngujung mangetan. Asta kekalih katumpangaken ing jaja, pucuking driji asta kanan anutup driji kering ing panggenan "CO" Ampeyan kekalihipun tumempel rapet. Patrap makaten kadosdene tetiyang ingkang sami pejah. Sareng katengga sawatawis, antawis saprapat jam, para mitra tansaya bingungipun. Salajengipun sami anggrayang badanipun, anempelaken talingan ing jaja. Mboten karaos ambeganipun. Wonten ugi ingkang ingkang ameteki sukunipun. Karaos mboten wonten tanda-tanda gesang. Ing salebeting bingung puniko, akhiripun lajeng sami pasrah. Yen sampun pestinipun, digedongono, dikuncenono wong mati mongso wurungo. Sareng sampun sawatawis, alon-alon astanipun ebah. Adamel bingahing para mitra ingkang sami angamat-amati. Dangu-dangu suku lan badanipun ugi ebah. Lajeng melai lenggah pungun pungun. Para mitranipun nembe rumaos lega. Ical raos was lan kuwatos ing sanubarinipun. Sareng sampun sawatawis wekdal, Pak Arjo angucap "RACUT". Tembung racut puniko kaucapaken tanpa kanyana nyana. Ing salajengipun Pak Arjo nembe anyariyosaken yen piyambakipun angalami lelampahan ingkang kasebat racut. Ing salebeting racut puniko Pak Arjo sumerep wadagipun gumletak ing jogan kaadep para mitranipun. Salajengipun rumaos malebet ing panggenan ingkang asri lan ngelam elami. Raosipun, mboten wonten ing jagad puniko ingkang anyameni. Ugi mboten saged anggambaraken asrining panggenan puniko, saking asri lan ngelam elami. Salajengipun lajeng malebet ing panggenan kados pangimanan lan sujud ing ngriku. Sasampunipun puniko lajeng kapanggih wewayangan kados dene Raja nanging mboten kadugi pamawasipun awit dene saking mencorong sinaripun anglangkungi sayuto baskoro. Ing ngriku Pak Arjo rumaos dipun bopong lajeng kabekto dateng panggenan ingkang katingal wonten sumur kalih. Ing pangertosanipun puniko sumur Jalatundo lan sumur Gumuling. Sarampunging aningali lajeng rumaos dipun paringi keris pusoko. Ingkang satunggal adapur Nogososro, satunggalipun malih adapur Bendo Segodo. Paripurno lajeng rumaos wangsul. Ing margi rumaos kaetutaken dening lintang ageng, ngantos lan badaripun.
Puniko lampah racut kapisan ingkang anggawokaken.
Salajengipun, para mitranipun sami kaaturan anyobi lampah puniko.
Sasampuning sujud, katambahan sasujudan malih, ucapanipun : "Hyang Moho Suci sowan Hyang Moho Kuwoso". Lajeng mapan tileman kados patrap ing nginggil.
Kathah ingkang anekseni lan sami angraosaken lampah puniko , racut, utawi pejah ing salebeting gesang. Naliko racut, mireng sadaya kahanan ing panggenan ngriku, nanging mboten kapaelu. Sami dene kapanggih Raja ingkang ambalerengi, ananging lajeng wangsul badar. Pak Arjo ameling, bilih racut puniko lampah ingkang remit sanget. Kedah resik lahir batos, nembe saged kaleksanan. Dene para mitro sapuniko sami saged ngracut awit dene nembe kajangkung.
Nuwun para maos, puniko ingkang kawastanan wahyu racut. Anglampahi pejah ing salebeting gesang. Bilih bade anindakaken, amiliho wekdal ingkang omber, awit mboten saged karana kasesa. Ugi panggenanipun ingkang tentrem, tebih lan karameyan. Sokur wonten tetiyang ingkang anjagi lan angawat-awati, supados mboten wonten ingkang angganggu. 
Racut puniko mengku teges ucul, lepas utawi lukar. Angracut busono kaprabon ateges anguculi, anglepasaken utawi lukar ageman. Ing ngriki, racut ateges lepasipun utawi tindakipun Hyang Moho Suci ingkang bade sowan dateng Hyang Moho Kuwoso. 
Sampun kaaturaken ing nginggil, bilih Hyang Moho Suci puniko ingkang amasesa wadaging sok tiyango. Yen wadag koncatan Hyang Moho Suci, tamtu anglumpruk angganipun kadosdene ringgit kulit Gatotkaca ical gapitipun. 
Wargo Sapto Darmo mboten anyebataken roh, jiwa, nyowo, sukmo lan sapanunggilanipun awit sami mangertosi bilih puniko Hyang Moho Suci, utusaning Hyang Moho Kuwoso, ingkang ngrekso wadaging manungso. Anyebataken nami Hyang Moho Suci ugi anedahaken bilih mangertos ingkang anggesangi. Umumipun, ing pundi panggenan, sok tiyango tamtu anyebat bilih ingkang murba wasesa gesangipun puniko Hyang Moho Kuwoso. 
Anindakaken lampah racut puniko, mboten sakersanipun piyambak. Sujud rumiyin lajeng katambahan sasujudan malih kanti angucap "Hyang Moho Suci sowan Hyang Moho Kuwoso". Yen kajangkung, tegesipun yen kaemban utawi kaparingan sarono, tamtu kaleksanan dumugi panggenan ingkang katuju. 
Naliko Pak Arjo taksih anyarirani, lampah racut gampil kaleksanan ing sawanci-wanci. Sanadyan makaten, yen sapuniko wonten ingkang ngersakaken, ugi bade saged kaleksanan sauger sampun angresiki pribadinipun sarana sujud ingkang saestu. Bopo Sri Gutomo anyebataken bilih racut puniko lampah ingkang remit, mboten sabab angelipun, nanging awit kedah naliti sadaya peraboting wadag. Kedah kataliti rumiyin kanti permati supados samekto sadoyo, awit bade katilar tindak Hyang Maha Suci. Puniko kasebat luluhipun saderek sawelas ingkang ngrekso praboting wadag.
Kangge murwakani, para wargo lajeng katuntun sarono anglampahi penggalian ingkang katindakaken salebeting kalih welas dalu utawi nem dinten siang lan dalu. 
Ing bab penggalian puniko, monggo kulo aturi nyuwun pirso dateng tuntunan penggalian ingkang kajibah anerangaken.
Ing bab pusaka Nogososro lan Bendo Segodo kawula mboten mangertosi, namung menawi panjenengan kapingin pirso, puniko wonten gambar lan katerangan sawatawis, ingkang kulo pendet saking internet. 
***********
Poro pamirso,
Lelampahan racut puniko aeng sanget.Mboten namung pak Arjo kemawon ingkang kadugi anglampahi.Poro mitranipun ugi saged anulad lampah puniko, sanadyan kanti paugeran bilih puniko saking karsaning Hyang Moho Kuwaos. Lelampahan puniko mratelakaken bilih sok sinteno kemawon saged kaleksanan angadep Hyang Moho Kuwaos kanti lampah racut. 
Kacariyos, salebaring racut, saben tiyang rumaos kaparingan anyepeng gegambaran mawarni-warni. Wonten ingkang rumaos anyepeng sekar, wonten malih ugi anyepeng ringgit wacucal Arjuno utawi Kresno utawi sanesipun. Dene pak Arjo, saben saben bibar racut, tamtu rumaos anyepeng ringgit Semar. 
Miturut pamanggihipun,sadoyo puniko minongko pralambanging pribadinipun. Contonipun, naliko Pak Arjo ngracut, nampi ageman keprabon. Sareng sampun bade badar, ageman puniko kados taksih tumempel ing badanipun arupi ageman kaprabon. Puniko anedahaken bilih pribadinipun kadosdene ratuning budi luhur. Benten lan Pak Kemi, naliko angracut nampi ageman keprabon. Sareng meh badar, ageman puniko kados taksih tumempel ing badan, namung sampun mboten kados ageman kaprabon, nanging rupi klaras (ron pisang ingkang garing). Puniko sanepan ingkang mengku suraos, bilih Pak Kemi puniko tiyang ingkang saged anglarasaken gesangipun. Tegesipun, saged angempali sok tiyango, jaler-estri, nem-sepuh, awon lan sae. Tiyang ingkang nampi sekar anandakaken yen kagondo arum. tegesipun tetiyang sami anyebat sae dateng pribadinipun. Pramilo punopo ingkang katampi dening Pak Arjo Sopuro naliko racut, tamtu mboten sami kaliyan mitranipun.

Tumuruning wahyu Sapto Darmo
Salebeting anglampahi sujud, poro mitro karuhipun Pak Arjo taksih mboten mangertosi, prastawa punopo malih ingkang bade kadadosan. Sanadyan makaten, tansaya kathah tetiyang ingkang sami sujud, awit saged angraosaken raos ingkang ayem trentem ing sanubari. Punopo malih kathah ingkang lajeng kaparingan gegambaran maneko warni ing salebeting anindakkaken sujud. Gegambaran puniko kanamekaken sanepan utawi sanepo. Pak Arjo angawisi tetiyang ingkang sami sujud yen to sami angrembag utawi nerangaken bab sanepo puniko. Sanepan kedah katerangaken sarono raosing batos, sabab puniko wejangan raos.
Wonten pitakenan ing salebeting batos poro ingkang sami anindakaken lampah sujud, inggih puniko : yen to lampah sujud saking kersaning Hyang Moho Kuwaos, lajeng punopo ingkang dados tuking lampah puniko. Pak Arjo ugi mboten sumerep punopo karsaning Hyang Moho Kuwaos. Rinten kalawan dalu namung sujud anyadong karsaning Hyang Moho Kuwaos. 
12 Juli 1954
Enjing puniko, ing griyanipun Pak Arjo wonten tiyang nem ingkang sami anindakaken sujud: Pak Darmo, Pak Kemi, Pak Danu Miharjo, Pak Joyo Sadji, Pak Diman lan Pak Arjo.
ing antawis jam 11.00 , mboten wonten ingkang ngertos sangkanipun, lha kok ujug-ujug wonten gegambaran ing mejanipun Pak Arjo. Gambar puniko cat ketingal cat ical. Mboten wonten ingkang angengken, ujug-ujug Pak Diman angadeg lajeng nuding dateng gambar puniko lan mbengok sora: "Iki kudu digambar" Makaten wongsal-wangsul. Sanaliko poro mitro ingkang wonten ing ngriku sami kaget, lan enggal-enggal medal bade pados kuwas lan cet. Pranyoto gambar puniko mboten namung wonten ing meja kemawon. Dalasan ing tembok-tembok, ing meja ing kupluk utawi ing topinipun poro mitro ugi wonten. Malah ing badanipun Pak Arjo ugi gambar puniko byar katingal, byar ical.
Toko cet namung watawis satus meter saking griyanipun Pak Arjo. Pramilo sakedap kemawon ingkang sami tumbas cet sampun wangsul. Pak Diman ingkang kapatah nggambar, sabab pancen pinter nyerat lan nggambar kanti sae. Anggenipun nggambar ugi ing kajeng meja puniko. 


Ing gambar puniko wonten seratan mawi aksoro Jawi. Ing nginggil bunderan kaserat Sapto, lan ing ngandap bunderan kaserat Darmo. Dene anut ubenging bunderan kaserat Napsu, Budi, Pakarti. 
Namung gambar Semar ingkang wonten tengahing bunderan puniko Pak Arjo piyambak ingkang anggambar. Miturut pak Kemi, naliko anggambar Semar puniko Pak Arjo mawi uro-uro ingkang suraosipun matur nuwun dateng Hyang Moho Kuwaos ingkang sampun paring nugroho dateng kawulanipun ing donya puniko.
Salebaripun sadaya rampung, gambar puniko musna mboten katingal malih. Candakipun lajeng katingal seratan ingkang kaserat mawi seratan latin ingkang suraosipun:

Wewarah Pitu
1. Setya tuhu marang ananing Pancasila Alah
Alah Hyang Maha Agung,
Alah Hyang Maha Rokhim,
Alah Hyang Maha Adil,
Alah Hyang Maha Wasésa,
Alah Hyang Maha Langgeng.
2. Kanthi jujur lan sucining ati,kudu setyo anindakaké angger-anggering negarané.
3. Mèlu cawé-cawé acancut tali wanda njaga adeging nusa lan bangsané.
4. Tetulung marang sapa baé yèn perlu,kanthi ora nduwèni pamrih opa baé kajaba mung rasa welas lan asih.
5. Wani urip kanthi kapitayan saka kekuwatané dhéwé.
6. Tanduké marang warga bebrayan kudu susila kanthì alusing budi pekerti tansah agawé pepadhang lan mareming liyan.
7. Yakin yèn kahanan ndonya iku ora langgeng tansah owah gingsir ( anyakra manggilingan ).

Salebeting Pak Diman nyerat, Pak Arjo migatosaken lan nyocokaken seratan puniko lan seratan ing tembok ingkang byar pet, cat katingal cat ical. 
Sarampunging kaserat lan kataliti leres, seratan ing tembok ugi musna, kagantos seratan :
Sesanti
Ing ngendi bae, marang sapa bae, warga sapta darma kudu sumunar pindo baskoro.

 

Panyuwunan ingkang kinabulan.
Salebeting anglampahi sujud puniko, poro mitra tansaya sengkud sujudipun. Makaten ugi Pak Arjo. Sanadyan makaten, taksih wonten ingkang dados penggalihanipun sadaya ingkang sami anindakkaken sujud puniko. Patrap sujud makaten puniko punopo namung anami sujud kemawon, punopo wonten naminipun piyambak ?
Ing ngriku Pak Arjo tampi dawuh saking Hyang Maha Kuwasa, yen patrap sujud puniko sujud Brahmono Resi. Lan Pak Arjo kasebat Resi Brahmono.
Dumateng para mitranipun, Pak Arjo anerangaken bilih puniko sujuding Resi Brahmono. Sadaya mitra saged kawastanan Resi Brahmono yen anglampahi sujud makaten puniko. 
Ing salajengipun, Pak Arjo nyuwun palilahing Hyang Maha Kuwasa, angagem nami Sri Gutomo, kangge sarana anyebaraken budi luhur puniko. 
Katampi panuwunipun, lan ing tanggal 27 Desember 1955, sineksen jawah deres sedalu muput, Pak Arjo kaparingan nugraha nami Sri Gutomo ingkang ateges Ratuning Budi Luhur. 
Poro maos, mugi andadosaken ing pamirso, bilih sadaya wacana puniko, yen kasuwun kanti tulus ing manah, kalambaran lampah budi luhur, tartamtu ing tembe kinabulan dening Hyang Maha Kuwasa.

Sumber: http://wargasaptadarma1.blogspot.com

2 komentar:

Unknown mengatakan...

Waras

Unknown mengatakan...

Kawula Nuwun

Saderengipun ngaturaken raos panuwun kagem Raka Mas Antonius Sukoco; awit saking keparengipun ngintu seserepan lampahan Bapa Panuntunun Agung Sri Gotama; satemah kawula saged mangertos kados punapa ta lampahanipun?. Bilih dipunkeparengaken kula ndherek udhu klungsu; ngengingi basa serat.

Basa serat ingkang sampun kula tampi wonten bangku pamulangan UMP senaosa mboten tamat; bilih nyerat tondo kedahipun tandha; puniko kedahipun punika, lajeng minongko kedahipun minangka, percados kedahipun ngagem pitados,

pramila sumangga sesarengan kula dalah para sepuh lajeng dipunleresaken; mekaten atur kawula saderma udhu-udhu klungsu mboten ngguroni; mugi saged dadosaken renaning penggalih;

nuwun Waras

Posting Komentar